June 1, 2012

Syiir Tanpa Waton

Syiir Tanpa Waton
(Gus Dur)

ا ستغفرالله رب البرايا # استغفرالله من الخطايا
رب زدني علما نافعا # و وفقني عملا صالحا
يا رسول الله سلام عليك # يارفيع الشان و الدرج
عطفـة ياجيرة العالم # يااهيل الجود و الكرم


Ngawiti ingsun nglaras syi'iran, Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan, Rino wengine tanpo pitungan
Rino wengine tanpo pitungan
Duh bolo konco priyo wanito, Ojo mung ngaji syare'at bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco , Tembe mburine bakal sangsoro
Tembe mburine bakal sangsoro...
Akeh kang apal Qur'an Haditse,  Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak digatekke, Yen isih kotor ati akale
Yen isih kotor ati akale...
Gampang kabujuk nafsu angkoro, Ing pepaese gebyare donyo
Iri lan meri sugihe tonggo, Mulo atine peteng lan nisto
Mulo atine peteng lan nisto...
Ayo sedulur jo nglaleake, Wajibe ngaji sa'pranatane
Nggo ngandelake iman tauhide, Baguse sangu mulyo matine
Baguse sangu mulyo matine...
Kang aran sholeh bagus atine,Kerono mapan seri ngelmune
Laku thoriqot lan ma'rifate, Ugo haqiqot manjing rasane
Ugo haqiqot manjing rasanee...
Al-Qur'an Qodim wahyu minulyo, Tanpo tinulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito, Den tancepake ing jero dodo
Den tancepake ing jero dodo...
Kumantil ati lan pikiran, Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu'jizat rosul dadi pedoman, Minongko dalan manjinge iman
Kelawan Alloh kang moho suci, Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadlohi, Dzikir lan suluk jo nganti lali
Dzikir lan suluk jo nganti lali...
Uripe ayem rumongso aman, Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo nadjan pas-pasan, Kabeh tinakdir saking pengeran
Kabeh tinakdir saking pengeran...
Kelawan konco dulur lan tonggo, Kang podo rukun ojo dursilo
Iku sunnahe rosul kang mulyo, Nabi Muhammad panutan kito
Nabi Muhammad panutan kito...
Ayo nglakoni sekabehane, Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senadjan Asor toto dzohire , Ananging mulyo maqom drajate
Ananging mulyo maqom drajate...
Lamun palastro ing pungkasane, Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh swargo manggone, Utuh mayite ugo ulese
Utuh mayite ugo ulese...

يا رسول الله سلام عليك # يارفيع الشان و الدرج
عطفـة ياجيرة العالم # يااهيل الجود و الكرم


No comments:

Post a Comment